Jabur 144:13-15 Kitab Sutji (JAV)

13. Gudhang-gudhang pasimpenan kawula mugi sami kebaka, ngedalaken barang rupi-rupi,menda kawula sami bebranahana dados ewon,dasanan ewon wonten ing pangenan kawula!

14. Lembu-lembu kawula sami sageda wreden,sarta sampun ngantos wonten ingkang boten dados lan kluron,punapadene boten wonten panjerit ing ara-ara kawula!

15. Rahayu bangsa kang tinemu kaya mangkono!Rahayu bangsa kang Gusti Allahe Pangeran Yehuwah!

Jabur 144