9. Manawi kawula mabura mawi swiwinipun bangbang wetan,sarta manggena wonten ing poncoting seganten,
10. ugi wonten ing ngriku kawula katuntun ing asta Paduka,saha kaasta ing asta Paduka tengen.
11. Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepetenglan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,”
12. pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka,dalu inggih dados padhang kados siyang,pepeteng sami kados pepadhang.
13. Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula,Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.