Jabur 139:11-14 Kitab Sutji (JAV)

11. Saupami kawula mungela: “Awakku kalimputana ing pepetenglan pepadhang ing sakubengku dadia bengi,”

12. pepeteng wau boten damel peteng wonten ing paningal Paduka,dalu inggih dados padhang kados siyang,pepeteng sami kados pepadhang.

13. Awit Paduka piyambak ingkang mangun ginjel kawula,Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung kawula.

14. Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi elok ngebat-ebati kadadosan kawula.Pakaryan Paduka punika elok,nyawa kawula sanget anggenipun ngraosaken bab punika.

Jabur 139