4. inggih boten ngangsalaken mripat kawula tilemutawi ngliyepaken tlapukan kawula,
5. ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah,padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”
6. Kita pancen wus padha krungu bab iku ana ing Efrata,wus oleh ana ing ara-ara Yaar.
7. “Payo padha lumebu marang padalemaning Allah,padha sujud nyembah ana ing ngarepe ancik-ancikaning sampeyane.”
8. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi jumeneng saha tedhak dhateng ing palereman Paduka,Paduka kadherekaken ing pethining kasantosan Paduka.