Jabur 13:4-6 Kitab Sutji (JAV)

4. Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani,karsaa paring wangsulan dhumateng kawula;mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;

5. tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten:“Wus daksorake,”punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh.

6. Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka,manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka.Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.

Jabur 13