Jabur 126:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung jiyarah.Ing kalane Pangeran Yehuwah mulihake kaanane Sion,kaanan kita kaya wong ngimpi.

2. Ing nalika iku cangkem kita padha kebak guyu,lan ilat kita kebak giyak-giyak.Ing nalika iku ing antarane para bangsa ana ujar mangkene:“Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang para wong iki!”

3. Pangeran Yehuwah wus nandukake prakara kang gedhe marang kita,mulane kita padha bungah.

Jabur 126