Jabur 116:6-11 Kitab Sutji (JAV)

6. Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja;aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane.

7. Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh,awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe.

8. Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah,lan mripat kawula saking luh,tuwin suku kawula saking sesandhungan.

9. Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah,ana ing tanahe wong urip.

10. Aku pracaya, sanajan duwe pangucap:“Banget temen anggonku katindhes.”

11. Ing sajroning kabingunganku aku ngucap:“Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”

Jabur 116