Jabur 116:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakakeswaraku lan panyuwunku,

2. sarta talingane nilingake aku,mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane.

3. Aku digubed ing talining pati,sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati,tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.

4. Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah:“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.”

5. Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil,Gusti Allah kita iku ambek welasan.

Jabur 116