Jabur 112:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,tresna welasan lan adil.

5. Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,

6. sabab ora bakal gonjing ing salawase,wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,

7. ora wedi marang kabar kang ala,atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,

8. atine santosa, ora kadunungan wedi,temah nganggep remeh marang para satrune.

Jabur 112