Jabur 107:23-31 Kitab Sutji (JAV)

23. Ana wong kang nyabrangi segara kalawan prau,kang laku dagang ana ing samodra kang nglangut,

24. padha ndeleng pakaryaning Sang Yehuwahlan pandamele kang elok ana ing telenging segara.

25. Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara,kang ngumbulake ombak-ombake,

26. wonge padha mumbul tekan ing langit lan padha mudhun marang ing samodra gedhe,nyawane remuk marga saka kacilakan iku,

27. padha mumet lan sempoyongan kaya wong mendem,sarta entek akale.

28. Ing sajroning karubedane iku nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing karubedane;

29. praharane kasireplan ombake segara padha anteng.

30. Wong-wong mau padha bungah, awit kaanane kabeh wus tentrem,sarta banjur dituntun menyang ing pelabuhan kang disenengi.

31. Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Yehuwah, awit saka sih-susetyane,marga saka kaelokane marang para anaking manungsa.

Jabur 107