Jabur 107:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Sarehne padha mbalela marang pepakoning Allah,sarta ngremehake marang pitadahe Kang Mahaluhur,

12. mulane ditelukake atine kalawan kasusahan,padha kejlungup, ora ana kang mitulungi.

13. Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing kasangsarane,

14. diluwari saka ing pepeteng lan palimengan,sarta ranten padha dipedhoti.

15. Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane,lan kaelokane marang para anaking manungsa;

16. awit Pangeran wus karsa mbejadi lawang-lawang tembaga,sarta nugeli slarak-slarake wesi.

17. Ana wong kang padha nandhang lara awit saka panggawene kang dosa,lan siniksa marga saka kaluputane.

18. Wis padha bosen marang sarupaning pangan,lan wus padha tekan ing gapuraning pati.

19. Ing sajroning karupekane mau nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah,banjur padha diluwari saka ing kasusahane.

20. Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake,padha oncat saka ing luwenging kubur.

21. Wong iku mau kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah, awit saka sih-kadarmane,lan marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,

22. sarta kareben padha nyaosake kurban pamuji sokurtuwin nyaritakake pakaryane Gusti Allah kalawan surak-surak.

23. Ana wong kang nyabrangi segara kalawan prau,kang laku dagang ana ing samodra kang nglangut,

24. padha ndeleng pakaryaning Sang Yehuwahlan pandamele kang elok ana ing telenging segara.

25. Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara,kang ngumbulake ombak-ombake,

26. wonge padha mumbul tekan ing langit lan padha mudhun marang ing samodra gedhe,nyawane remuk marga saka kacilakan iku,

Jabur 107