Jabur 105:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Padha ngupayaa marang Pangeran Yehuwah lan kasantosane,padha tansah ngupayaa wedanane!

5. Padha ngelingana marang kaelokane kang wus padha katindakake,tandha-tandhane kang elok-elok lan pepancasan kang dingandikakake,

6. he para putra-wayahe Rama Abraham, abdine,he para putrane Rama Yakub, pepilihane!

7. Iya panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita,pepancasane nyrambahi ing salumahing bumi.

8. Panjenengane ngengeti ing prasetyane nganti ing salawas-lawase,yaiku sabda kang wus didhawuhake marang sewu turunan,

9. kang wus didamel karo Rama Abraham,lan supaose marang Rama Iskak;

10. kang ditetepake dadi pranatan kanggo Rama Yakub,dadi prajanjian langgeng kanggo bangsa Israel,

11. mangkene pangandikane: “Sira bakal Sunparingi tanah Kanaan,dadi tanah pusaka kang katemtokake kanggo sira.”

Jabur 105