Jabur 102:21-26 Kitab Sutji (JAV)

21. prelu miyarsakake pasambate wong tahanan,tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,

22. supaya asmaning Sang Yehuwah kawartakake ana ing Sion,tuwin Panjenengane pinuji-puji ana ing Yerusalem,

23. samangsa para bangsa lan sakehing karajan nglumpuk,padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

24. Panjenengane wus munggel kakuwatanku ana ing dalan,lan umurku dicendhakake.

25. Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula,Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula!Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”

26. Kala rumiyin Paduka sampun nalesi bumi,saha langit punika yasanipun asta Paduka.

Jabur 102