Ibrani 4:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Marga saka iku, kita dipadha waspada, supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak.

2. Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.

3. Amarga kita kang padha pracaya, bakal lumebu ing palereman, kaya kang kapangandikakake dening Panjenengane:“Temahan Ingsun supaos sajroning bebenduningSun:Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing paleremaningSun”,sanadyan pakaryane wus rampung wiwit nalika dumadining jagad.

4. Amarga bab dina kapitu iku wus tau kapangandikakake ana ing sawijining nas: “Lan ing dina kapitu Gusti Allah kendel saka pakaryane kabeh.”

5. Sarta ing sajrone nas iku, kita maca: “Wong-wong iku ora bakal lumebu ing paleremaningSun.”

6. Dadi wus cetha manawa ana wong sawatara kang bakal lumebu ing palereman iku, dene wong-wong kang wus luwih dhisik diwartani kabar kabungahan iku ora lumebu, amarga ora padha mbangun-miturut.

7. Mulane Gusti Allah nemtokake sawijining dina maneh, yaiku “dina iki”, nalika Panjenengane wus samono lawase anggone ngandika lumantar Prabu Dawud, kaya kang wus kasebut ing dhuwur:“Ing dina iki, manawa sira padha krungu swarane, aja padha mangkotake atinira!”

Ibrani 4