9. Sarta saiki bakal Suneler kawirangane,ana ing ngarepe para bedhangane,lan ora ana wong kang bakal ngluwari dhewekesaka ing astaningSun.
10. Sakehe kabungahane bakal Sunuwisiriyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabatelan sakehe dinane gedhe.
11. Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir,kang wus padha diucapake:Iki kabeh paweweh marang aku,kang diwenehake marang aku dening kekasihku.Iku bakal Sundadekake alas,lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek.
12. Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dinanalika nyaosake kurban marang para Baal,sarta nganggo anting-antinge lan kalunge,tuwin banjur ngetutake para bedhanganenanging lali marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.