Hosea 2:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. “Biyungira lapurna, iya lapurna,awitdene iku dudu garwaningSun,lan Ingsun iki dudu kakunge;konen mbuwang panyundele saka ing raine,lan anggone laku jina saka ing selaning susune,

2. supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda,Sundadekake padha kaya ing nalika laire,Sundamel kaya pasamunan,Sundadekake kaya tanah mati,banjur Suntegakake nganti mati kasatan.

3. Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi,awitdene iku padha anak sundel.

4. Marga biyunge dadi sundel;kang ngetengake wus nindakake kanisthan,awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku,kang aweh roti lan banyu pangombenkukain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.

5. Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri,sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng,satemah ora bisa nemu dalan-dalane.

6. Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane,nanging ora bakal kecandhak,sarta arep nggoleki para bedhangane iku,nanging ora ketemu.Temah banjur bakal ngucap: Dakbalingulihi bojoku jaka-lara,marga kaananku nalika samana luwih kapenaktinimbang karo saiki.

7. Nanging dheweke iku ora ngrumangsaniyen Ingsun kang maringigandum, anggur lan lenga,sarta kang ngakehake salakanelan mase kang dianggo gawe reca Baal.

Hosea 2