1. Samaria kudu tampa paukuman,marga mbalela marang Allahe.Bakal padha tiwas dening pedhang,bayi-bayine bakal padha karemuk,wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.
2. He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu,dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.
3. Padha ngaturna kaduwungmu,sarta mratobata marang Sang Yehuwah,munjuka marang Panjenengane:“Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan,ingkang sae mugi lajeng kaparingna,nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.
4. Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya;kawula boten badhe numpak kapal,saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula!dhateng dedamelaning tangan kawula,margi Paduka ngasihi lare lola.”