Hosea 11:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika Israel isih nom, Sunkasihisarta saka ing Mesir putraningSun iku Suntimbali.

2. Saya kerep anggoningSun nimbali,saya banget anggone ngungkurake Ingsun,padha sesaji kurban marang para Baal,sarta ngobong kurban kanggo reca-reca.

3. Mangka Ingsun kang netah marang Efraim,Ingsun kang mbopong,ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake.

4. Sungendeng kalawan talining kasetyaan,iya kalawan tetalenaning katresnan.Tumrap bangsa iku Ingsun kaya wong kang ngangkat pasangan saka ing uwange,Ingsun ndhingkluk lan maringi pangan.

Hosea 11