Galati 6:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Sabab yen ana sawenehing wong kang rumangsa, manawa awake aji, mangka babar pisan ora aji, iku ngapusi awake dhewe.

4. Becike saben wong ndadara pagaweane dhewe; lagi kena gumunggung ndeleng kaanane dhewe lan ora ndeleng kaanane wong liya.

5. Sabab saben wong bakal mikul tetanggungane dhewe.

6. Lan wong kang nampani piwulanging pangandika iku mandumana samubarang kang kadarbe marang wong kang aweh piwulang iku.

7. Aja padha kesasar! Gusti Allah ora kena digawe geguyon. Awit apa kang disebar ing wong, iya iku kang bakal dieneni.

Galati 6