1. Sawuse lelakon iku mau kabeh, nalika jumenenge Sang Prabu Artahsasta, ratu ing nagara Persia, Imam Ezra nuli mangkat, yaiku putrane Sang Seraya, bin Azarya bin Hilkia,
2. bin Salum, bin Zadhok,
3. bin Ahitub, bin Amarya, bin Azarya bin Merayot,
4. bin Zerahya bin Uzi bin Buki
28a. lan ndadekake aku dikasihi dening Sang Prabu lan para juru pirembage sarta sakehing panggedhene Sang Prabu kang kuwasa!
28b. Dene aku, sarehne kaayoman ing astane Sang Yehuwah Allahku, banjur gumregah sarta nglumpukake para panggedhe sawatara saka ing antarane wong Israel, padha dakajak bebarengan mangkat mulih.