Ezra 5:15-17 Kitab Sutji (JAV)

15. Punika dipun dhawuhi makaten: Piranti iki padha jupukana nuli mangkata lan kadekeka ing padaleman suci ing Yerusalem, apadene padalemane Allah iku kadhawuhana mbangun maneh ana ing panggonane lawas.

16. Bupati Sesbazar punika wau lajeng rawuh sarta masang tetalesing padalemaning Allah ingkang wonten ing Yerusalem, lan wiwit kala semanten ngantos dumugi sapriki anggenipun dipun bangun, namung kemawon dereng rampung.

17. Pramila manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena dhawuh dalem nitipriksa ing gedhong raja-brana kagungan dalem Sang Prabu ingkang wonten ing Babil ngriku, punapa sayektos wonten dhawuh dalem Sang Prabu Koresy, supados mbangun padalemaning Allah wonten ing Yerusalem wau. Wasana kekancingan dalem Sang Prabu tunrap prekawis punika mugi lajeng kaparingna dhumateng kawula.”

Ezra 5