9. Imam Yesua karo para putrane lan para sadhereke tuwin Sang Kadmiel karo para putrane para wong Yehuda padha saiyeg ngulat-ulatake wong kang padha nglakoni pagawean tumrap ing padalemane Gusti Allah. Mangkono uga bani Henadad karo para putrane lan sadhereke, para wong Lewi.
10. Anadene nalika para tukang padha masang tetalese padalemane sang Yehuwah, para imam banjur padha mapan klawan manganggo miturut kalungguhane kambi nggawa kalasangka, sarta para wong Lewi, bani Asaf, klawan nggawa kecer, kanggo ngluhurake Sang Yehuwah miturut tatanane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.
11. Klawan sesauran anggone padha ngidungake repen pepujian lan pangucap sokur kagem Sang Yehuwah: “Amarga Pangeran iku asih darma! Sih-susetyane iku langgeng tumrap Israel!” Lan wong saumat kabeh padha surak-surak sora kalawan memuji marang Sang Yehuwah, awit padalemane Pangeran Yehuwah wus tinalesan.