Ezra 2:25-37 Kitab Sutji (JAV)

25. saka ing Kiryat-Arim, Kefira lan Beerot: pitung atus patang puluh telu;

26. saka ing Rama lan Gaba: nem atus selikur;

27. saka ing Mikhmas: satus rolikur;

28. saka ing Betel lan Ai: rong atus telulikur;

29. saka ing Nebo: seket loro;

30. bani Magbis: satus seket nenem;

31. bani Elam, yaiku Elam liyane: sewu rong atus seket papat;

32. bani harim: telung atus rong puluh;

33. para wong saka ing Lod, ing Hadid lan ing Ono: pitung atus selawe;

34. saka Yerikho: telung atus patang puluh lima;

35. bani Senaa: telung ewu nem atus telung puluh.

36. Iki pratelane para imam:bani Yedaya, iya iku kulawangsane Yesua: sangang atus pitung puluh telu;

37. bani Imer: sewu seket loro;

Ezra 2