4. Sumangga kula aturi jumeneng, amargi prakawis punika dados kuwajiban panjenengan. Kula sami badhe mbiyantu panjenengan. Mugi karsaa ngiyataken panggalih panjenengan saha lajeng karsaa tumindak!”
5. Imam Ezra banjur jumeneng sarta mundhut sumpahe para pangarepe imam, para wong Lewi, lan wong Israel sabangsa kabeh, yen bakal padha nglakoni miturut ing tembung iku mau; banjur iya padha sumpah.
6. Sawuse iku Imam Ezra jumeneg mundur saka ing ngarepane padalemane Gusti Allah, tumuli lumebet ing kamare Yohanan bin Elyasib, sarta nyare ana ing kono, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu, amarga isih prihatos jalaran saka panggawene para wong buwangan kang ora setya mau.
7. Ing kono banjur ana pengumuman kang kagiyarake ing sawatara tanah Yehuda lan Yerusalem, marang sakehe wong kang mentas saka ing pambuwangan, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem.