Ezra 10:15-26 Kitab Sutji (JAV)

15. Mung Yonatan bin Asael, Yahzeya bin Tikwa, kang padha ngadeg mbantah rembug kang mangkono iku, kabiyantu dening Mesulam lan Sabetai, wong Lewi.

16. Nanging para wong kang bali saka ing pambuwangan iku padha nglakoni mangkono. Imam Ezra banjur miji wong sawatara, yaiku para pangarepe kulawangsa, siji-sijine kanggo kulawangsane, kabeh pada kasebutake jenenge. Iku nalika sasi kasepuluh tanggal sapisan banjur padha marepat mriksa prakara iku.

17. Lan anggone padha ngrampungake pamriksane marang sakehing wong kang wus padha ngalap rabi wong liyan bangsa iku nalika sasi kapisan tanggal kapisan.

18. Panunggalane turune para imam kang tinemu ngrabeni wong wadon bangsa liyan iku panunggalane bani Yesua bin Yozadak lan para sadulure: Maaseya, Eliezer, Yarib lan Gedalya.

19. Kanthi jawatan tangan wong-wong mau padha prajanji arep nglungakake bojone. Padha ngaturake wedhus gembel lanang siji saka ing pepanthaning kewane minangka kurban panebusing dosa marga saka kaluputane.

20. Saka bani Imer: Hanani lan Zebaja;

21. saka bani Harim: Maaseya, Elia, Semaya, Yehiel lan Uzia;

22. saka bani Pasyhur: Elyoenai, Maaseya, Ismael, Nataneel, Yozabad lan Elasa.

23. Saka wong bani Lewi: Yozabad, Simei, Kelaya (yaiku Kelita), Petahya, Yahuda lan Eliezer.

24. Saka para pasindhen: Elyasib.Saka golongane para jaga-gapura: Salum, Telem lan Uri.

25. Saka para wong Israel liyane: saka bani Paros: Ramya, Yezia, Malkia, Miyamin, Eleazar, Malkia lan Benaya.

26. Saka bani Elam: Matanya, Zakharia, Yehiel, Abdi, Yeremot lan Elia.

Ezra 10