6. Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna.
7. Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu.
8. Dene carane ngombe iku: ora peksan, awit dhawuhe Sang Prabu sakehing para abdi dalem ing kadhaton kakarsakake manut sakarepe sawiji-wijining wong.
9. Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.
10. Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,
11. padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.
12. Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.
13. Sang Prabu tumuli ndangu marang para wicaksana, kang ngreti adat-tata-cara ing jaman samana, -- ujer kaya kaya mangkono iku lumrahe, sabarang prakara kang magepokan karo Sang Nata iku karembug dening sakehing para ahli angger-angger lan pangadilan;
14. dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan -- pandangune Sang Prabu:
15. “Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.”
16. Sang Memukan banjur matur ana ing ngarsane Sang Prabu lan para panggedhe: “Sang Prameswari Wasti anggenipun kagungan kalepatan punika boten namung dhumateng Sang Prabu kemawon, nanging ugi dhateng sakathahipun para pangageng sarta dhateng sakathahipun para bangsa, ingkang wonten ing tlatah wewengkonipun Sang Prabu Ahasyweros sadaya.