18. Ing dinten punika semahipun para pangageng ing Persia kaliyan ing Media ingkang sami mireng bab tindak-tandukipun Sang Prameswari punika wau, mesthi sami reraosan bab punika kaliyan semahipun, temahan badhe nuwuhaken raos ngremehaken saha kanepson ingkang boten wonten telas-telasipun.
19. Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.
20. Manawi putusanipun Sang Prabu ingkang makaten punika sampun kepireng ing satlatahipun karajan dalem -- mangka ageng sanget karajan punika -- mesthi sakathahipun para wanita sami badhe ngaosi kakungipun, wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit.”