7. Sawuse iku ing sajroning wahyu ing bengi iku aku tumon kewan kang kapat, kang medeni lan nggegirisi sarta rosa banget. Untune wesi gedhe-gedhe; kewan iku memangsa lan ngreremuk, sisane kaidak-idak kalawan sikile; kewan iku beda karo kewan-kewan kang dhisik mau, apadene kadunungan sungu sapuluh.
8. Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung.
9. Aku terus bae anggonku ndeleng nganti ana dhampar-dhampar kang katata, banjur ana kang lenggah Kang Sepuh ing Yuswa; pangagemane putih kaya salju lan remane resik kaya wulu wedhus; kang minangka dhampare urubing geni, mawa rodha geni kang makantar-kantar;
10. ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.
11. Aku terus bae anggonku maspadakake, marang saka tembung-tembung kang gumunggung kang diucapake dening sungu mau. Aku terus bae anggonku maspadakake nganti kewan iku dipateni, awake kalebur lan kaulungake marang geni kang ngengobong.
12. Pangwasane kewan-kewan liyane iya kacabut lan suwening uripe katemtokake nganti tekan mangsa lan wayahe.
13. Ing sajroning wahyu ing bengi iku aku terus bae anggonku ndeleng; banjur ana kang rawuh nitih mega saka ing langit, kaya Putraning Manungsa, kang nuli sowan marang ing ngarsane Kang sepuh ing Yuswa mau lan iya banjur kairid sowan ing Panjenengane,
14. tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.
15. Aku, Dhaniel, trenyuh, lan wahyu-wahyu kang dakdeleng, iku ngagetake aku.