Dhaniel 6:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Sang Dharius, darah Medhia, nalika yuswa sawidak loro taun, nampeni paprentahan karajan.

2. Sang Prabu Dharius banjur misudha wakil-raja satus rong puluh, kang bakal kapapanake ing saindenging karajan;

3. iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.

4. Sarehne Sang Dhaniel ngluwihi para priyagung lan para wakil-raja, marga kadunungan roh kang pininjul, Sang Prabu kagungan karsa arep misudha dadi tetindhihing wewengkon karajan kabeh.

Dhaniel 6