8. Malah para dewane lan reca-recane cithakan apadene raja-branane salaka lan emas bakal padha diusungi dadi jarahan menyang ing Mesir, banjur leren sawatara taun ora perang karo ratu ing nagara Lor.
9. Sawuse mangkono ratu iki bakal nempuh karajan ratu ing nagara Kidul, nanging iya banjur bali menyang ing nagarane dhewe.
10. Anak-anake tumuli bakal tata-tata arep perang lan nglumpukake wadya-bala akeh; banjur ana panunggalane siji kang bakal nempuh nglawan dheweke, samubarang kabeh kaeroban lan kaeleban kaya katempuh ing banjir; lan bareng nempuh kang kapindho bakal nganti tekan ing betenging mungsuhe.
11. Raja ing nagara Kidul iku tumuli nepsu lan maju perang nglawan ratu ing nagara Lor, kang wus nglumpukake wadya-bala kang akeh, lan wadya-bala kang akeh iki bakal kaulungake ing tanganing mungsuhe.
12. Bareng wadya-bala kang akeh iku wus kabengkas, atine temah dadi gumunggung; ewadene sanadyan wus nyirnakake wong pirang-pirang puluh ewu, pangwasane ora lestari.
13. Ratu ing nagara Lor banjur bakal nglumpukake wadya-bala akeh kang kaping pindhone, luwih akeh katimbang kang kapisan, lan sawuse sawatara taun bakal nglurugi perang mungsuhe kalawan wadya-bala gedhe lan piranti perang kang akeh.