Ayub 39:10-21 Kitab Sutji (JAV)

10. Ramening kutha dipoyoki,ora krungu swarane kang nggiring;

11. banjur golek pangonan ing gunung-gunung,lan ngluru samubarang kang ijo.

12. Apa bantheng gelem teluk marang sirautawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?

13. Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan,utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?

14. Apa sira pracaya, marga gedhe karosane?Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?

15. Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira,lan nglumpukake ing papan panutonira?

16. Manuk unta kekablak kalawan bungahnanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?

17. Awit endhoge ditinggal ing lemah,lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,

18. nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil,lan kailes-iles ing kewan alasan.

19. Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe;sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,

20. amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allahlan ora dipandumi pangreten.

21. Manawa kekablak kalawan gumunggung.banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.

Ayub 39