Ayub 28:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Dalane mrana ora kasumurupan ing manuk galak siji-sijialan ora kaweruhan ing matane manuk bidho,

8. ora kaambah ing kewan galak,lan iya ora ana singa kang liwat ing kono.

9. Watu kelang uga ditandangi dening manungsa,gunung-gunung padha didhungkari tekan ing dhasare.

10. Gunung parang padha diboboki digawe trowongan,mripate ndeleng samubarang kang adi.

11. Rembesing kali-kali padha dibuntetilan apa kang sumimpen diwetokake marang ing pepadhang.

12. Nanging kawicaksanan iku tinemune ana ing ngendi,lan ana ing ngendi dununge akalbudi?

13. Manungsa ora sumurup marang ajine,sarta iku iya ora tinemu ing bumine wong urip.

14. Calathune teleng: Aku ora kanggonan.Ujare sagara: Aku ora kadunungan.

15. Ora kena diijoli ing emas murni,utawa diregani kalawan salaka.

16. Ora kena diregani nganggo emas Ofirutawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,

17. ora kena ditandhing karo emas utawa kaca,utawa diijoli rerenggan emas murni.

18. Giwang utawa kristal iku sapele yen katimbang karo iku.Ndarbeni kawicaksanan iku luwih becik tinimbang mutyara.

19. Sotya cepaka saka ing tanah Etiopia iya ora bisa nandhingi;iya ora kena diajeni nganggo emas murni.

Ayub 28