Ayub 27:19-23 Kitab Sutji (JAV)

19. Anggone nggleyeh kaya wong sugih, nanging iku ora bakal kelakon maneh,bareng ngelekake mripate, samubarang kabeh wus ora ana.

20. Wong mau tinempuh ing pagiris kayadene panempuhing banjir,ing wayah bengi kagawa kabur ing prahara,

21. kabandhang dening angin wetan nganti sirna,kabuncang saka ing panggonane.

22. Binenturan dening Allah tanpa welas,kalawan gugup anggone ngoncati astane.

23. Dikeploki ing wong akehsarta disingsoti saka ing papan panggonane.”

Ayub 27