Ayub 19:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Lah aku nguwuh-uwuh: “Daksiya!” nanging ora ana kang mangsuli.Aku sesambat njaluk tulung, nanging ora ana pangadilan.

8. Dalanku dialing-alingi ing tembok, satemah aku ora bisa liwat,sarta lurung-lurungku didadekake peteng.

9. Kaluhuranku dening Panjenengane wus didhedheli,sarta makuthaku wus karampas saka ing sirahku.

10. Aku dibongkar babar pisan satemah aku sirna,tuwin pangarep-arepku dibedhol kayadene wit-witan.

11. Bebendune marang aku mulad-mulad,aku dianggep satrune.

12. Wadya-balane maju bebarengan,ngalang-alangi dalan nglawan marang aku,banjur ngepung tarubku.

13. Sadulurku padha diedohake saka ing aku,sarta kawanuhanku padha pangling babar pisan marang aku.

14. Sanak-sanakku padha ngedohtuwin mitraku padha lali marang aku.

15. Wong-wong kang tunggal saomah karo aku lan para rewang wadonpadha ngarani aku wong liya,sarta nganggep aku wong manca.

Ayub 19