Ayub 11:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. lan paring sumurup marang kowe bab wewadining kawicaksanan,awit iku isine aneh.Kowe nuli bakal sumurup,yen Gusti Allah ora ngetang kaluputanmu saperangan.

7. Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah,apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?

8. Iki dhuwure padha karo langit; -- kowe bisa nindakake apa?Jerone ngluwihi teleng palimengan: -- kowe mangreti apa?

9. Dawane ngluwihi ukuraning bumi,jembare ngungkuli samodra.

Ayub 11