Ayub 10:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula,-- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula --Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.

18. Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba?Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,

19. kados-kados kawula boten nate wonten,saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.

20. Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik?Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,

Ayub 10