Amos 9:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika:“Pucuking saka iku gandhenen kang serusupaya undhak-undhakane horeg,padha jugrugna marang sirahe wong akeh,lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang,bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia,lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.

2. Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati,astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono;utawa saupama munggaha menyang ing langit,iya bakal Sunandhapake saka ing kono.

3. Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel,mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono;utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara,Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.

4. Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan,Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono.Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong ikusupaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”

Amos 9