4. Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek.
5. Aku nuli munjuk:“Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa kendel!Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun?Piyambakipun punika rak alit, ta?”
6. Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung,pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”
7. Iki tetingalan kang diparingake marang aku: Pangeran jumeneng ing sacedhaking tembok kang jeleg, lan ngasta sipat gantung.
8. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Tangsul sipat gantung!” Pangandikane Pangeran:“Lah umatingSun Israel bakal Sunetrapi sipat gantung ana ing tengahe.Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.
9. Tengger-tengger pangurbanane Iskak bakal kadadekake ludhes,lan papan-papan sucine Israel bakal karusak,sarta Ingsun bakal nglawan marang turune Yerobeam kalawan pedhang.”
10. Nalika iku Imam Amazia, imam ing Betel kongkonan wong seba ing ngarsane Sang Prabu Yerobeam, raja ing Israel, dikon matur: “Amos sampun damel sakuthon badhe mbalela dhateng panjenengan dalem wonten ing tengahipun Israel, nagari punika boten badhe saged tahan dhateng tembung-tembungipun Amos punika.
11. Awit pangucapipun Amos makaten:Sang Prabu Yerobeam bakal seda kapupu ing pedhang,lan Israel mesthi lunga saka ing tanahe,dadi wong buwangan.”
12. Imam Amazia mau banjur tutur marang Nabi Amos: “Wong sidik, lungaa, ngungsia menyang ing tanah Yehuda! Goleka pangan mrana lan medhara wangsit ana ing kana bae.
13. Nanging ana ing Betel kene kowe aja medhar wangsit maneh, awit kene iki pepundhene Sang Prabu, sarta pasucene nagara.”