2. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab,kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek;sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh,binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake.
3. Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe,sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
4. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Yehuda telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah,lan ora netepi pranatane,nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh,kang dienut dening para leluhure,
5. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda,kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.”
6. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Israel telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus padha ngedol wong mursid marga melik dhuwit,lan wong miskin diijolake trumpah sapasang.