4. Lan manawa aku kelingan marang anggonmu ngruntuhake luh, aku banjur kapengin ndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhana ing kabungahan.
5. Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.
6. Iya marga saka iku kowe dakelingake supaya kowe nggrengsengake sih-peparinging Allah kang ana ing kowe sarana daktumpangi tanganku.
7. Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban.
8. Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah,