11. Ziba matur marang Sang Prabu: “Abdidalem badhe nglampahi punapa ingkang kadhawuhaken gusti kawula dhateng kawula.” Sang Mefiboset kembul dhahar klawan Sang Prabu Dawud kaya dene salah sijine putrane Sang Prabu.
12. Sang Mefiboset kagungan putra kakung isih timur, asmane Mikha. Sakehe wong sakukubane Ziba, padha dadi abdine Sang Mefiboset.
13. Mengkono dadine Sang Mefiboset manggen ana ing Yerusalem; amarga lestari kembul dhahar karo Sang Prabu. Mangka sampeyane karo pisan pincang.