2 Samuel 9:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Dawud ngandika: “Apa isih ana warise Prabu Saul? Ingsun arsa nandukake sih marang wong iku marga saka Pangeran Yonatan.”

2. Dene kulawargane Prabu Saul kagungan abdi, kang aran Ziba; iku ditimbali sowan ing ngarsane Prabu Dawud, banjur didangu Sang Prabu: “Apa sira iku Ziba?” Atur wangsulane kang kadangu: “Nuwun inggih gusti.”

3. Sang Prabu banjur ndangu maneh: “Apa ora ana kulawargane Prabu Saul maneh? Ingsun arsa nandukake kawlasan kang saka Gusti Allah.” Ziba nuli munjuk marang Sang Prabu: “Taksih wonten putranipun Pangeran Yonatan satunggal ingkang cacat sampeyanipun.”

4. Pandangune Sang Prabu: “Iku saiki ana ngendi?” Atur wangsulane Ziba marang Sang Prabu: “Kawula nuwun wonten, ing griyanipun Makhir bin Amiel ing Lodebar.”

5. Sawuse iku Sang Prabu Dawud dhawuh nimbali putra mau saka omahe Makhir bin Amiel, saka ing Lodebar.

2 Samuel 9