2 Samuel 4:11-12 Kitab Sutji (JAV)

11. mendahane maneh saiki sawuse wong paracidra mateni wong kang bener ana ing omahe ing paturone; apa ingsun ora mundhut pulih getihe saka sira, lan nyirnakake sira saka ing bumi?”

12. Sawuse ngandika mengkono Sang Prabu Dawud dhawuh marang abdine, supaya mateni wong-wong iku; tangane sarta sikile dikethok, mayite digantung ana ing sapinggire telaga ing Hebron. Nanging mastakane Prabu Isyboset kapundhut lan disarekake ana ing makame Senapati Abner ing Hebron.

2 Samuel 4