2. Para putrane kakung Prabu Dawud kang miyos ana ing kutha Hebron, kang pembayun, patutan saka Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, asmane Amnon;
3. putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,
4. putrane kang kapat, patutan saka Hagit, asmane Adonia, putrane kang kalima, patutan saka Abital, asmane Sefaca,
5. lan putrane kang kanem, patutan saka Egla, asmane Yitream. Iku kabeh putrane Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron.
6. Salawase ana peperangan antarane kulawargane Sang Prabu Saul lan kulawargane Sang Prabu Dawud, Sang Abner saya gedhe pangaribawane ing satengahe kulawargane Prabu Saul.
7. Sang Prabu Saul kagungan tilaran garwa ampeyan jenenge Rizpa, anake wadon Aya. Prabu Isyboset ngandika marang Senapati Abner: “Kenging punapa sampeyan kok ngempali ampilipun kanjeng rama?”
8. Senapati Abner duka banget, amarga saka pangandikane Prabu Isyboset mau, ature: “Kawula punika punapa endhas segawon Yehuda? Ngantos sapriki kawula tansah nandukaken kasetyan kawula dhateng kulawarganipun Sang Prabu Saul, kang rama, inggih dhateng para sadherekipun lan dhateng para mitranipun, lan kawula tansah ngeman panjenengan dalem sampun ngantos dhumawah ing astanipun Sang Prabu Dawud, nanging sapunika panjenengan dalem ndakwa kawula lampah awon kaliyan tiyang estri.
9. Mugi Gusti Allah paringa paukuman dhateng Abner, malah nglangkungana saking punika, manawi kawula boten nandukaken dhateng Sang Prabu Dawud ingkang kaprasetyakaken dening Sang Yehuwah kaliyan supaos dhumateng panjenenganipun.
10. Inggih punika mindhah kratonipun Sang Prabu Saul lan ngedegaken dhamparing karajanipun Sang Prabu Dawud, temah ngereh Israel lan Yehuda, wiwit ing Dhan ngantos dumugi ing Bersyeba.”
11. Lan Sang Prabu Isyboset ora bisa mangsuli sakecap-kecapa marang Senapati Abner, amarga saka eringe marang panjenengane.
12. Senapati Abner banjur utusan marang ngarsane Prabu Dawud sarta diweling: “Nagari punika kagunganipun sinten? Kawula aturi damel prajanjian kaliyan kawula, kawula saestu badhe mbiyantu panjenengan dalem, supados sakathahipun tiyang Israel sami ngawula panjenengan dalem.”
13. Paring wangsulane Prabu Dawud: “Iya becik, ingsun bakal gawe prajanjian kalawan sira, mung bae ana saprakara kang sunpundhut marang sira, yaiku sira ora bakal sowan marang ing ngarsaningsun, yen sira ora ngaturake Sang Putri Mikhal, putrane Sang Prabu Saul, samangsa sira seba marang ing ngarsaningsun.”
14. Sang Prabu Dawud uga utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Isyboset, putrane Prabu Saul, kanthi piweling: “Garwa kula Mikhal panjenengan wangsulaken dhateng kula malih, ingkang sampun kula tumbas srana ikutipun tiyang jaler Filisti satus.”
15. Sang Prabu Isyboset tumuli utusan mundhut putri iku saka ing omahe Paltiel, bin Lais.
16. Lan somahe ngiringake Sang Putri karo nangis nganti tekan ing Bahurim. Senapati Abner banjur nyentak marang dheweke: “Wis muliha!” Wong mau banjur mulih.
17. Ing wektu samono Senapati Abner rerembagan karo para tetuwane Israel, pangandikane: “Sampun sawatawis dangu panjenengan ngersakaken supados Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngerehaken panjenengan.
18. Sumangga sapunika panjenengan sami ngleksanana, amargi Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng Sang Prabu Dawud makaten: Lumantar abdiningSun Dawud Ingsun bakal ngluwari umatingSun Israel saka ing tangane wong Filisti lan saka ing tangane sakehe mungsuhe.”
19. Senapati Abner uga rembagan karo wong Benyamin; Sang Abner uga banjur tindak menyang Hebron, ngrembag karo Sang Prabu Dawud sakehing prakara kang wus kaanggep prayoga dening wong Israel lan sakehe turune Benyamin.