2 Samuel 2:27-30 Kitab Sutji (JAV)

27. Wangsulane Senapati Yoab: “Demi asmanipun Sang Yehuwah agesang, saupami panjenengan wau-wau sampun ngandika, wiwit wanci enjing rakyat sampun sami mundur anggenipun mbujeng sadherekipun.”

28. Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, temah sakehing bala padha leren anggone mburu wong Israel lan ora perang maneh.

29. Sawengi muput Senapati Abner anggone tindak kadherekake wadya-balane nglangkungi Araba-Yordan, nyabrang ing bengawan Yarden, meh sadina kaceput anggone padha lumaku terus, nganti tekan ing Mahanaim.

30. Nalika Senapati Yoab wus kendel anggone ngoyak-oyak Sang Abner lan ngumpulake sakehing balane, banjur kasumurupan yen balane Prabu Dawud ana kang kecicir wong sangalas, kalebu Sang Asael.

2 Samuel 2