2 Samuel 19:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuli Senapati Yoab diaturi pirsa: “Kauningana, Sang Prabu muwun lan nandhang sungkawa margi saking Pangeran Absalom.”

2. Nalika samana kaunggulan banjur dadi kaprihatinan tumrap para wadyabala, amarga ing dina iku wadyabala padha krungu kandhaning wong: “Sang Prabu nandhang sungkawa marga saka ingkang putra.”

3. Mulane lumebune wadyabala menyang kutha ing dina iku tanpa swara, kaya dene bala kang kawirangan, samangsa bali mulih mung meneng-menengan bae amarga keplayu saka ing paprangan.

4. Sang Prabu nutupi wedanane, klawan swara sora Sang Prabu asambat-sambat: “Adhuh anakku, engger Absalom, Absalom anakku, anakku!”

2 Samuel 19