25. Bareng Gehazi lagi bae lumebu lan ngadhep ana ing ngarsaning bendarane, Nabi Elisa ndangu: “Saka ngendi, Gehazi?” Atur wangsulane: “Ingkang abdi boten kesah dhateng pundi-pundi!”
26. Nanging pangandikane Nabi Elisa: “Apa atiku ora ngetutake kowe, nalika priyagung iku mandhap saka ing titihane kreta methukake kowe? Lah saiki kowe wis tampa selaka, kang kena kokanggo nganakake pakebonan-pakebonan, kebon jaitun, kebon anggur, wedhus lan sapi, batur lanang lan wadon,
27. nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.