17. Dhuh Yehuwah, para ratu ing Asyur pancen sampun nyirnakaken bangsa-bangsa dalah nagari-nagarinipun
18. saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.
19. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”
20. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.