2 Para Raja 14:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Yoas putrane Sang Prabu Yoahas, ratu ing Israel, Pangeran Amazia, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

2. Nalika jumeneng ratu iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.

3. Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, mung bae iya ora kaya Sang Prabu Dawud, leluhure. Kang ditindakake trep kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoas, ramane.

4. Sanadyan mangkono, tengger-tengger pangurbanan ora didohake. Rakyat isih sesaji lan ngobong kurban ana ing tengger-tengger mau.

5. Bareng wus kekah anggone ngasta keprabon, para punggawa kang nyedani Sang Prabu, ramane, enggal padha dipateni.

2 Para Raja 14