2 Para Raja 12:20-21 Kitab Sutji (JAV)

20. Para punggawane padha nganakake sekuthon banjur nyedani Sang Prabu Yoas ana ing dalem ing Milo, ing dalan kang mudhun anjog ing Sila.

21. Yozakar, anake Simeat, lan Yozabad anake Somer, iku para punggawane kang nyedani panjenengane. Sang Prabu banjur kasarekake ana ing sandhinge para leluhure ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Amazia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

2 Para Raja 12